Senin, 23 Januari 2017

Contoh Pidato Bahasa Jawa Ketua Panitia Penyuluhan Anti Rokok

Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang kinurmatan Ketua Penyuluhan Anti Rokok Bapak …
Ingkang kinurmatan lurah … Ibu …
Poro hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati

Kawulo ngaturaken matur nuwun sanget kagem bapak/ibu sedoyo ingkang sampun menehi kesempatan kagem kawulo kangge nyambut acara Penyuluhan Anti Rokok meniko. Sakderengipun monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat, nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehinggo kulo lan panjenengan saged makempal wonten ing Penyuluhan niki.

Poro rawuh ingkang kulo hormati,
Wonten ing mriki kawulo atas nami ketua panitia adicara ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun dumateng Ibu Lurah ingkang sampun nyediahaken panggenan lan perlengkapanipun. Khususipun kagem Bapak kawulo ngaturaken matur nuwun keikhlasanipun wonten ing ngaturaken babagan rokok kagem kito sedoyo.

Salajengipun, kulo aturaken matur nuwun ingkang seagengipun dumateng sedoyo poro rawuh lan tamu undangan ingkang sampun kanthi ikhlas nglonggaraken wektunipun kagem nggolet ilmu dan mirengaken Penyukuhan Anti Rokok niki ingkang sekedap malih bade dipun sampeaken dening Bapak .

Ancas dipun wontenaken adicara, inggih menika katahipun perokok ing Indonesia, khususipun ning kalangan cah enom. Sebab niku, kulo lan panjenengan sedoyo kedah ngertos bahaya lan cara ngindari rokok.
Para rawuh sedaya ingkang tansah kinurmatan sampun punika cekap saking kula mbok bilih menawi wonten kirang tata krama lan kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Akhirulkalam, wabilahit taufiq wal hidayah,
Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarakatuh




0 komentar:

Posting Komentar

 
Goresan Pena Ira Blogger Template by Ipietoon Blogger Template