Jenenge
be batiran
(D. Z./03)
Ani
bocah menengan ning kelas. Siki Ani wis kelas 8. Saben dina angger istirahat
Ani ora tau jajan. Pegaweane angger istirahat macani buku sing nyilih maring
perpustakaan. Ani uga nggawa wedang bening maring sekolah.
Sewijining
dina Bu Guru ngaweh tugas kelompok. Lah nyong kebagian kelompok karo Ani. Pas
lagi ngerjakna jebule si Ani kue pinter banget. Rumangsa nyong bocah pindahan,
nyong pengin duwe batir akeh kon dadi ana sing ngrewangi nyong misal ana sing nyong
ora ngerti ning sekolahan ngene. Dadine nyong njajal mbuka topik disit maring
Ani.
“Ani, ko
sih omahe ning ngendi?” takone nyong mbuka pembicaraan.
“Ning
Ajibarang Kulon” jawabe Ani sekedare.
“Ooh, ko
angger mangkat nggo apa?”
“Dijujugna
bapane nyong”
Krungu
jawabane Ani sing singkat-singkat banget gawe nyong ora kepenak mbokan jebule
Si Ani kuwe mandan ora seneng angger tek akrabi.
Senen
ngesuk wis UTS Semester Gasal, dadi dina Minggu kie tek nyong sinau terus.
Sebenere nyong deg-degan retung mbokan bijine nyong anjlog. Sebabe nyong nembe
pindah 3 wulan wingi ning pertengahan kelas wolu. Ya wis lah bismillah bae, ujare nyong ngomong dewek ning ati.
“Ani,
sinau bareng yuh” omonge nyong.
“Ya ayuh”
jawabe Ani. Ani sing nembe mangkat langsung njiot buku ning tas.
“Nyong tah esih
bingung sing bab Pitagoras nin”
“Iya, nyong be iya
soale pas Pak Guru lagi njelasna ora tek gatekna”
“Hahaha, nyong be iya”
“Pak Gurune ngantuki sih,
dadine nyong malah dolanan dewek”
“Iya pada bae”
Teng
teng teng
UTS dina
pertama arep dimulai. Nyong bismillah disit seurunge nggarap. Ya Allah, semoga nyong teyeng nggarap soal
kie sing bener, kon dadi bijine nyong apik.
Siki
hasil UTS wis metu. Bijine nyong ya lumayanlah ora keendepen uga ora keduwuren.
Siki nyong wis mandan akrab karo Ani, sebab pas UTS angger nembe mangkat karo
istirahat sinau bareng. Nyong baline sejurusan karo Ani dadi siki angger bali
dadi bebarengan.
“Ni, batiri kamar mandi yuh,
nyong arep ganti klambi”
“Gari ganti klambi ning ngene koh, set set set” semaure Ani kambi nglawak.
“Sembarangan” semaure nyong sambi muncu-muncu.
Ora
kerasa kelas 8 wis arep rampung, nyong wis duwe batir akeh. Batire pada
eman-eman banget maning. Siki nyong karo Ani wis dadi batir akrab. Ngomong
ceplas-ceplos, ledek-ledekan ngasih arep ketabrak motor, jebule si Ani kue ya
bocahe ora menengan banget malah angger karo nyong gentawakan ora nggenah.
#Pas lagi jamkos
“Ni, aja maca bae toli” nyong
protes ndeleng Ani ketungkul maca bae.
“Leh ya belih temen, yong nyong
pengin maca koh” jawabe Ani.
“Ko sih lagi kenang apa? Deneng kaya kue tok be kesuh. Ya wis ngonoh maca
bae” omonge nyong melu kesuh. Nyong ngomong sambi lunga maring bangkune nyong
dewek.
“Wi, ko wis rampung basa jawane?” takon Ani
sewise ngomehi nyong mau.
“Mbuh, ora ngerti” semaure
nyong esih mandan jengkel.
#Istirahat ke loro
“Wi, Dewi, nyong ngampura ya
mau wis ngomehi ko ora nggenah” Ani njaluk ngampura soal sing mau maring nyong.
“Iya,
ora papa. Nyong ya uga njaluk ngampura ya mau melu-melu kesuh” semaure nyong
sing dasare bebeh retung angger kesuhan karo batire.
“Tuku
es krim yuh” omonge Ani.
“Temenan?!
Ayuh ayuh”
semaure nyong kesenengan, kambi nggandeng tangane Ani. Ya jenenge be batiran
ana masalah kudu rampungna bareng-bareng, digolet solusine, pada-pada
intropeksi awake dewek-dewek.

0 komentar:
Posting Komentar